label
int64
0
3
text
stringlengths
11
161
2
Sampeyan lenggah sakedhap, kula nyukur lare menika rumiyin!
3
Panjenengan pinarak sakedhap, adalem nyukur lare menika rumiyin!
0
Nyukur kowe iku kepenak, rambute lemes.
1
Maras panjenengan iku kepenak, rikmane lemes.
2
Nyukur sampeyan menika sekeca, rambutipun lemes.
3
Maras panjenengan menika sekeca, rikmanipun lemes.
0
Bapak lagi wae teka andang arep lunga maneh!
2
Bapak saweg kemawon dhateng andang (enggal-enggal) badhe kesah malih!
0
Umbul-umbul ing pinggir dalan iki antarane nyapuluh meter.
2
Umbul-umbul ing pinggir margi menika antawisipun nyadasa meter.
0
Desaku ana ing antarane gunung Merapi karo Merbabu.
2
Dhusun kula wonten ing antawisipun redi Merapi kaliyan Merbabu.
0
Sing teka dhayohe lagi antarane wong sapuluh.
2
Inggih dhateng ampun saweg antawisipun tiyang sedasa.
0
Dheweke manawa menehi pituduh dianut wae!
1
Panjenengane manawa maringi pitudhuh didhereki wae!
2
Piyambakipun manawa nyukani pitedah dipunanut kemawon!
3
Panjenenganipun manawi maringi pitedah dipundhereki kemawon!
0
Tapih sing anyar arep dianggo Jeng Srini.
1
Nyamping sing anyar arep diagem Jeng Srini.
2
Tapih ingkang enggal badhe dipunangge Jeng Srini.
3
Nyamping ingkang enggal badhe dipunagem Jeng Srini.
0
Mula wis anggone, bocah cilik yen kanginan banjur anget.
2
Mila sampun anggenipun, lare alit yen kanginan lajeng anget.