label
int64
0
3
text
stringlengths
11
161
1
Jeng Ningrum lagi megeng ingkang putra, saiki prembayune ngrangkaki.
2
Jeng Ningrum saweg nyapih anakipun, samenika susunipun ngrangkaki.
3
Jeng Ningrum saweg megeng ingkang putra, samenika prembayunipun ngrangkaki.
0
Embah wadon njupuk tembako arep kanggo susur.
1
Eyang putri mundhut tembako arep kagem panasar.
2
Embah estri mendhet sata badhe kangge susur.
3
Eyang putri mundhut sata badhe kagem panasar.
0
Kaya Pak Ali mau lunga menyang apotek, bokmanawa kowe weruh duwe perlu apa?
1
Kaya Pak Ali mau tindak menyang apotek, bokmanawa panjenengan priksa kagungan perlu apa?
2
Kados Pak Ali wau kesah dhateng apotek, bok manawi sampeyan sumerep gadhah perlu menapa?
3
Kados Pak Ali wau tindak dhateng apotek, bokmanawi panjenengan priksa kagungan perlu menapa?
0
Pak Ali tuku obat resep dhokter, jarenen dhek wingi calon bojone lara.
1
Pak Ali mundhut obat resep dhokter, ngandikane dhek wingi calon garwane gerah.
2
Pak Ali tumbas obat resep dhokter, criyosipun kala wingi calon semahipun sakit.
3
Pak Ali mundhut obat resep dhokter, ngandikanipun kala wingi calon garwanipun gerah.
0
Sepure wis liwat, ayo mlakua!
1
Sepure wis liwat, sumangga panjenengan tindak!
0
Rumangsamu gambar kuwi apik apa ora?
2
Rumaos sampeyan gambar menika sae menapa boten?
1
Adhuh, Kajang mustakane kok ora diagem?
3
Adhuh, Kajang mustakanipun kok boten dipunagem?
2
Mangke sampeyan kantun mendheti pundi ingkang badhe dipunangge.
3
Mangke panjenengan kantun mundhuti pundi ingkang badhe dipunagem.
0
Pak Ali arep lunga menyang apotek.
2
Pak Ali badhe kesah dhateng apotek.
3
Pak Ali badhe tindak dhateng apotek.
0
Apa Si Tinah wis koktukokake obat?
2
Menapa Pun Tinah sampun sampeyan-tumbasaken obat?
3
Menapa Pun Tinah sampun panjenengan-pundhutaken obat?
0
Pak Ali lunga menyang apotek tuku obat kanggo calon bojone sing mumet lan watuk amarga adus wayah bengi.
2
Pak Ali kesah dhateng apotek tumbas obat kangge calon semahipun ingkang mumet kaliyan watuk amargi adus ing wanci dalu.
3
Pak Ali tindak dhateng apotek mundhut obat kangge calon garwanipun ingkang puyeng kaliyan cekoh amargi siram ing wandi dalu.
0
Kowe tekaa wingi, aku nanggap wayang.
2
Sampeyan nhatenga wingi, kula naggap ringgit.
3
Panjenengan rawuha wingi, adalem nanggap ringgit.
0
Dheweke mbok muliha sadhela, aku wis kangen.
2
Piyambakipun mbok mantuka sakedhap, kula sampun kangen.
3
Panjenenganipun mbok kondura sakedhap, adalem sampun kangen.
0
Dikandhanana, Mbak Darmi durung mesthi teka, amarga sesuk arep ujian.
2
Dipuncriyosana, Mbak Darmi dereng mesthi dhaeng, amargi benjing-enjing badhe ujian.
3
Dipunkandanana, Mbak Darmi dereng mesthi rawuh, amargi benjing-enjing badhe ujian.
0
Mbok ditukokna motor elek, anake mesthi seneng, jalaran atine narima banget.
2
Mbok dipuntumbasna montor awon, putranipun mesthi seneng, jalaran manahipun narimah sanget.
3
Mbok dipunpundhutna montor awon, putranipun mesthi seneng, jalaran panggalihipun narimah sanget.
0
Calon bojone Pak Ali tuku jeruk, apel karo pelem.
2
Calon garwanipun Pak Ali mundhut jeram, apel kaliyan pelem.
0
Nalika anak-anake Bu Tini mampir, padha foto ing ngarep omah karo anak-anakku.
2
Nalika putra-putranipun Bu Tini pinarak, sami foto ing ngajen ggriya kaliyan anak-anak adalem.
0
Pak Ali ngguyu ing sajrone ati, nandur wit jeruk arep mati, duwe manuk lara ora gelem ngombe ora gelem mangan, pitmontor wae rusak ora bisa mlaku.
3
Pak Ali gumejeng ing salebetipun panggalih, nanem jeram badhe pejah, kagungan peksi sakit boten ngombe boten purun nedha, pitmontor kemawon risak boten tindak.
0
Jarite digawa mulih.
3
Nyampingipun dipunampil kondur.
0
Nganggoa iket, kae dhayohe wis teka!
1
Panjenengan ngagem dhesthar, kae dhayohe wis rawuh!
2
Sampeyan ngangge iket, menika tamunipun sampun dhateng!
3
Panjenengan ngagem dhesthar, menika tamunipun sampun rawuh!
0
Kowe pinter iket-iket ta, mbok aku diajari!
1
Panjenengan pinter atrap dhesthar ta, mbok adalem diajari!
2
Sampeyan pinter iket-iket ta, mbok kula dipunajari!
3
Panjenengan pinter atrap dhesthar ta, mbok adalem dipunajari!
0
Sing lungguh ngarep dhewe iket-iketan kae sapa?
1
Sing pinarak ing ngarep dhewe dhestharan kae sapa?
2
Ingkang lenggah ing ngajeng piyambak iket-iketan menika sinten?
3
Ingkang pinarak ing ngajeng piyambak dhestharan menika sinten?
0
Adhimu lagi iket-iketan, dak-wenehane pangilon.
1
Ingkang rayi lagi dhestharan, adalem caosane paningalan.
2
Adhi sampeyan saweg iket-iketan, kula sukananipun pangilon.
3
Ingkang rayi saweg dhestharan, adalem caosanipun paningalan.
0
Bapak lagi maca sapisan
2
Bapak saweg maos sapisan
0
Wah, soal matematika kok angele kepati-pati.
2
Wah, soal matematika kok angelipun kepatos-patos.
0
We lha, geni didamu kok ora mati-mati.
2
We lha, latu dipundamu kok boten pejah-pejah.
0
Yen serik marang kanca iku aja banget-banget, apuranen wae kaluputane!
2
Yen serik kaliyan kanca menika sampun sanget-sanget, sampeyan apunten kemawon kalepatanipun!
0
Mungsuh bocah cilik wae sapira banggane!
2
Mengsah lare alit kemawon sapinten bangginipun!
0
Manawa nganggo tapih, bangkekanmu katon nawon kemit.
1
Manawa ngagem nyamping, wangkingan panjenengan katon nawon kemit.
2
Manawi ngangge sinjang, bangkekan sampeyan katingal nawon kemit.
3
Manawi ngagem nyamping, wangkingan panjenengan katingal nawon kemit.
0
Kandhane bapakmu iku mula bener, prayogane kowe manut wae!
1
Ngandikane ingkang rama iku mula bener, prayogane panjenengan manut wae!
2
Criyosipun bapak sampeyan menika mila leres, prayoginipun sampeyan manut kemawon.
3
Ngandikanipun ingkang rama menika mila leres, prayoginipun panjenengan manut kemawon.
0
Omah joglo iku duweke Bapak (Rama) Branta.
1
Dalem joglo iku kagungane Rama Branta.
2
Griya joglo menika gadhahanipun Bapak (Rama) Branta.
3
Dalem joglo menika kagunganipun Rama Branta.
0
Tanta iku bocah kutha, bareng Tanti bocah nggunung
2
Tania menika lare kitha, sareng Tanti lare ngredi
0
Adhimu iku kaya wong pinter, bathuke nyela-cendhani.
1
Ingkang rayi iku kaya priyayi pinter, palarapane nyela-cendhani.
2
Rayi sampeyan menika kados tiyang pinter, bathukipun nyela cendhani.
3
Ingkang rayi menika kados priyantun pinter, palarapanipun nyela cendhani.
0
Apa ing omahmu banjur ana jagongan bayen?
1
Apa ing dalem panjenengan banjur ana lenggahan bayen?
2
Menapa ing griya sampeyan lajeng wonten jagongan bayen?
3
Menapa ing dalem panjenengan lajeng wonten lenggahan bayen?